M.busyrowi a m
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِى رَفَعَ السَّمَوَاتِ بِغَيْرِعِمَادٍوَ
زَيَّنَهَابِالنُّجُوْمِ وَالشَّمْسِ وَالْقَمَرِ،
لاَيَقْدِرُعَلَى أَحَدٍ أَنْ يَطْلُعَ عَلَى حَقِيْقَتِهَا
مِنْ أَيِّ نَوْعٍ مِنَ الْجَوَاهِرِ،
وَأَوْضَحَ أَيَاتِهِ تَذْكِرَةً ِلأَهْلِ الْفِكْرِوَالْعِبَرِ.
أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلهَ إِلاَّ اللّهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
الَّذِى اقْتَدَرَبِحَبْسِ الشَّمْسِ وَالْقَمَرِ،
أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى الِهِ وَأَصْحَابِهِ
وَمَنِ اتَّبَعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ،
فَيَآيُّهَاالْمُسْلِمُوْنَ،
إِتَّقُوْااللّهَ
وَاعْلَمُوْا أَنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ أيَتَانِ مِنْ أيَاتِ اللّهِ
وَأَنَّهُمَا يَطْلُعَانِ وَيَجْرِيَانِ بِفَلَكِهِمَابِأَمْرِاللّهِ
وَقَدَرِهِ وَلَمْ يُخَالِفَاهُ طَرْفَةَ عَيْنٍ
وَلَمْ يُعْصِيَاهُ بِقَهْرِهِ،
وَأَنَّهُمَا لاَيَخْسِفَانِ لِمَوْتِ أَحَدٍ وَلاَ لِحَيَاتِهِ
وَلاَ لِعَلاَمَةِ شَيْءٍ وَلاَ لِوُقُوْعِ أَمْرٍ.
إِنَّمَايَخْسِفَانِ بِقَدْرِاللّهِ وَإِرَادَتِهِ.
وَأَنَّهُ تَعَالَى لاَيَخْلُقُهُمَا عَبَسًا
وَلاَيَتْرُكُهُمَاسُدًى.
فَاعْتَبِرُوْا وَاتَّبِعُوْا سَبِيْلَهُ.
Ma’asyiral muslimin rohimakumulloh,
Hadirin kaum muslimin ingkang dipun rahmati dening Allah Subhanahu Wa Ta’ala …..
Wonten kesempatan ingkang sae punika sumangga kitha sedaya tansah nambahi raos ajrih kitha dateng Ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala kanti estu-estu anggenipun kitha ngelampahi punapa ingkang sampun dipun perintah dening Allah Ta’ala ugi anebihi punapa ingkang sampun dipun awis dening Allah Ta’ala. Sumangga kitha sesarengan sami ningali dateng awakipun piyambak-piyambak, sampun ngantos pundi anggenipun kitha ngumawula dateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, menawi sampun sae sumangga kitha pertahanaken, menawi kirang sae sumangga kitha dandosi.
Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya pikantuk rahmat lan ridha saking ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Amin Allahumma Amin.
Hadirin kaum muslimin rohimakumulloh
Menawi kitha ningali kedadosan wonten jagat punika, srengenge ingkang saben enjing mlethek lan dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, nuli wekdal sonten surup, genthosan kalih rembulan ingkang ugi dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, lintang ingkang saget dados tetenger kagem kebetahan sugengipun menungsa, kitha saget mangertos bilih sedaya kala wau wonten Dzat ingkang andadosaken lan Dzat ingkang ngatur, kitha ugi saget mangertos bilih Dzat ingkang andadosaken lan ingkang ngatur kala wau tentunipun kuwahos dateng sedaya para makhluk, inggih punika Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dhawuh wonten Alquran Surat Yunus :
هُوَ الَّذِي جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيآءً وَالْقَمَرَ نُوْرًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَ مَا خَلَقَ اللهُ ذَلِكَ إِلاَّ بِالْحَقِّ يُفَصِّلُ الآياَتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ * إِنَّ فِي اخْتِلاَفِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللهُ فِي السَّموَاتِ وَالأَرضِ لآيآتٍ لِقَوْمٍ يَتَّقُونَ
“ Allah Ta’ala kang ndadekake srengenge lan bulan suminar lan netepake dedalane mubeng lan ngubengi. Supoyo kanggo ngerteni wilangan tahun lan umure tanggal ugo etung etungan wektu
Allah ora ndadekake kang mengkono iku kejobo kanti haq. Allah paring rerincian tondo tondo keagungane kanggo wong wong kang podo mangerteni. Sak temene anane gonta-ganti wengi lan rino lan perkoro kang didadekake Allah ing langit lan bumi yekti dadi tondo kuasane Allah kanggone wong kang podo takwa”
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya…
Kedadosan grahana wekdal punika supados saget dipun pendhet i’tibar utawi tepa tulada kagem kitha sedaya kagem aningkataken kesadaran kitha ngemut-emut keagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Rasulullah Saw sampun paring tuntunan dumateng kitha nalika wonten grahana wonten setunggal hadits :
خُسِفَتِ الشَّمْسُ فَقَامَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَقَالَ : ” إِذَا رَأَيْتُمْ شَيْئًا مِنْ ذَلِكَ فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ وَدُعَائِهِ وَاسْتِغْفَارِهِ “
nalika ono grahana srengenge Nabi Saw nuli jumeneng (kanggo nindakake shalat) lan dawuh : “ menowo siro kabeh meruhi grahana, mangka siro kabeh enggal-enggal anggonen dzikir marang Allah, ndonga mring Allah lan nyuwun pangapuro mring Allah “
Wonten 3 (tigang) perkawis ingkang dipun ajaraken dening Rasulullah dumateng kitha sedaya wekdal wonten grahana.
Ingkang kaping sepisan, فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ, kitha sedaya supados enggal-enggal dzikir, emut dateng Gusti Allah. Dzikir dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika manfaatipun wangsul dumateng awak kitha piyambak-piyambak.
Dawuhipun Allah Ta’ala wonten Alquran :
الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
“ wong wong kang podo iman marang Allah lan atine n podoi anteng kerono dzikir marang Allah. Elingo kanthi dzikir marang Allah iku (nyebabake) antenge ati“
Menawi kitha kepengen manah kitha resik saking sedaya penyakit ingkang saget ngotori, kados unek-unek, nggresah, hasud lan lintu-lintunipun, tamba ingkang manjur punika mboten sanes dzikir dumateng Allah. Dzikir dumateng Allah saget dipun lampahi kanti lisan ingkang terus-terusan nyebat asmanipun Allah, kanti manah ingkang dipun ginaaken kagem ngangen-ngangen keagunganipun Allah lan kanti nggaoto awak ingkang dipun ginaaken kagem taat lan ngabekti dumateng Allah.
Ingkang kaping kalih, وَدُعَائِهِ , ndonga utawi nyuwun dumateng Allah. Nyuwun dumateng Allah Ta’ala punika hakikatipun ibadah. اَلدُّعَاءُ هُوَ العِبَادَة . Nyuwun dumateng Allah ugi dados otakipun ibadah, keranten ngetingalaken kumawulaning menungsa, menungsa punika makhluk ingkang asor lan fakir, Allah Ta’ala Dzat ingkang Agung, Sugih, panggenan dipun suwuni. Kathah sanget anjuran saking Alquran supados kitha ndunga, nyuwun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, ing antawisipun dawuhipun Allah wonten surat al-A'raf 55 :
ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ (55)
“ Nyuwuno sira kabeh marang Pengeran sira kabeh kanti ndepe-ndepe lan lirih-lirih. Sak temene Pengeran sira kabeh ora remen dumateng wong wong kang podo ngliwati wates “
Supados dunga kitha dumateng Allah dipun ijabahi sampun sak mesthinipun menawi ndunga dipun lampahi kanti netepi adab utawi tata krama dumateng Allah, kados dipun lampahi kanti ndepe-ndepe utawi ngasoraken awak lan kanti suara lirih kados dawuh wonten ayat kasebat.
Ingkang kaping tiga, وَاسْتِغْفَارِهِ , nyuwun pangapunten dumateng Allah saking sedaya dosa lan kalepatan ingkang sampun dipun lampahi. Sampun sak mesthinipun menawi istighfar punika mboten namung dipun ucapaken mawi lisan kemawon, nanging ugi kedah dipun lebetaken wonten manah kanti nggetuni dosa ingkang sampun dipun lampahi lan dipun buktikaken kanti tumindak kitha anggenipun nglereni lan mboten badhe nglampahi dosa lan tumindak ala kasebat. Menawi sampun saget mekaten InsyaAllah istighfar kitha dipun tampi dening Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya ….
Wonten masyarakat kitha kadang kawis wonten anggepan bilih kedadosan grahana punika wonten hubunganipun kalayan kedadosan-kedadosan sanes ingkang sifatipun mistik, kados anggepan bilih grahana punika dados tanda badhe wonten gonjang-ganjing, paceklik lan sanes-sanesipun. Anggepan punika sampun sak mestinipun kelintu, keranten sak mestinipun kedadosan grahono punika namung nedahaken dumateng keagungan lan kuasanipun Gusti Allah. Rasulullah SAW – wekdal putranipun Sayyid Ibrahim wafat, lan kala wau nembe wonten grahana– dawuh wonten setunggal hadits :
إِنَّ الشَّمْسَ وَاْلقَمَرَ آيَتاَنِ مِنْ آياَتِ اللهِ لاَ يَخْسِفَانِ لِمَوْتِ اَحَدٍ وَلَا لِحَياَتِهِ فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذَلِكَ فَاذْكُرُوا اللهَ
“ Sak temene srengenge lan rembulan iku dados tondo soko tondo tondo kuasanen Allah.
Srengenge lan rembulan mboten kekadosan grahana keranten seda utawi gesangipun tiyang. Nalika panjenengan sedaya mirsani mila panjenengan sedaya sami dzikir dumateng Allah “.
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya …..
Kanti kedadosan grahana wekdal punika mugi-mugi saget dados pepeling kagem kitha sedaya supados inggal-inggal taubat, wangsul dumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya saget pikantuk ridha lan rahmat saking ngersanipun Allah lan dipun tebihaken saking sedaya bala’ lan pancabaya, lan sedoyo donga kito dipun kabulaken gusti Allah, Amin
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ،
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ
كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ.
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ،
وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ
وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَاذُنُوْبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِىأَمْرِنَا
وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَاعَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
أَللَّهُمَّ إِنَّانَسْأَلُكَ الْجَنَّةَ وَ نَعُوْذُبِكَ مِنَ النَّارِ.
أَللَّهُمَّ إِنَّانَسْأَلُكَ الْهُدَى وَ التُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى.
رَبِّ أَوْزِعْنِيْ أَنْ أَشْكُرَنِعْمَتَكَ الَّتِى أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَى
وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ،
وَأَصْلِحْ لِيْ فِى ذُرِّيَّتِيْ،
إِنِّيْ تُبْتُ إِلَيْكَ وَإِنّيْ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ،
وَأَدْخِلْنِيْ بِرَحْمَتِكَ فِى عِبَادِكَ الصَّالِحِيْنَ.
رَبَّنَا اتِنَامِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً وَهَيِّءْ لَنَا مِنْ أَمْرِنَا رَشَدًا.
رَبَّنَا اتِنَا فِىالدُّنْيَاحَسَنَةً وَفِىاْلأَخِرَةِحَسَنَةً وَقِنَاعَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّايَصِفُوْنَ
وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ، وَالْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَلَمِيْنَ.
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّهِ وَبَرَكَاتُهُ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar